Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 7:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Senapati Yusak tumuli wungu wayah bangun esuk, banjur nimbali wong Israel padha kadhawuhan maju miturut talere, dene kang dituding iku taler Yehuda.

17. Bareng gotrah-gotrahe Yehuda padha ditimbali maju, gotrahe Zerah kang tinemu. Gotrahe Zerah mau bareng ditimbali maju miturut kulawarga, kulawargane Zabdi kang tinemu.

18. Kulawargane iku bareng ditimbali maju wonge lanang ijen-ijen nuli kang tinemu Akhan, bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah panunggalane taler Yehuda.

19. Pangandikane Senapati Yusak marang Akhan: “Anakku ngger, saosa urmat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngakua ana ing ngarsane; mara matura marang aku apa kang koklakoni, aja selak ana ing ngarepku!”

20. Akhan banjur mangsuli marang Senapati Yusak ature: “Saestu, kula damel dosa dhumateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, sabab makaten ingkang kula lampahi:

21. ing antawasipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”

22. Senapati Yusak banjur utusan uwong menyang ing kembah iku lan nyata barang-barange didhelikake ana ing kemahe Akhan, selakane ana ing ngisor dhewe.

23. Kabeh iku tumuli dijupuki saka ing kemahe, digawa menyang ing ngarsane Sang Yusak lan menyang ing ngareping sakehe wong Israel, banjur disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

24. Senapati Yusak lan wong Israel kabeh tumuli padha nyekel Akhan bin Zerah sarta selakane, jubahe kang endah lan mase salonjor mau, dalah anake lanang lan wadon, sapine, kuldine lan wedhuse, apadene kemahe lan saduwek-duweke kabeh, banjur digawa menyang ing lebak Akhor.

25. Pangandikane Sang Senapati Yusak: “Kayadene anggonmu nekakake bilai marang aku kabeh, mangkono uga Sang Yehuwah ing dina iki uga ndhatengake bilai marang kowe.” Akhan tumuli kabenturan watu dening wong Israel kabeh, banjur diobong ing geni lan dikrutugi watu.

maca bab lengkap Yusak 7