Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 7:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.

2. Kacarita Sang Senapati Yusak utusan wong saka ing Yerikho menyang ing Ai, kang kaprenah ana ing sacedhake Bet-Awen, ing sawetane Betel, wong-wong mau padha diweling mangkene: “Padha mangkata mrana, negara iku teliken.”

3. Wong mau banjur padha mangkat, nelik kutha Ai. Sawuse nelik nuli padha bali sowan ing ngarsane Sang Yusak, lan matur: “Ingkang nglurugi boten prelu tiyang sabangsa sadaya, namunga watawis tiyang kalih ewu utawi tigang ewu kemawon, ingkang mangkat mbedhah kutha Ai punika; sampun ngantos damel rekaosipun tiyang sabangsa sadaya, sami kalampahaken mrika, awit ing ngriku tiyangipun namung sakedhik.”

4. Mulane kang nglurug mung watara wong telung ewu; nanging iku padha keplayu ana ing ngarepe wong ing Ai.

5. Amarga wong Ai padha oleh pepati panunggalane wong iku mau watara telung puluh nenem; wong Israel dioyak wiwit saka ing ngarepe gapuraning kutha nganti tutug ing Syebarim, anggone padha nggecak ana ing ereng-ereng. Atine para umat dadi pepes.

6. Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.

7. Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!

8. Dhuh Gusti, kawula badhe matur punapa, sasampunipun tiyang Israel keplajeng mengkeraken mengsahipun?

9. Manawi bab punika kapireng tiyang Kanaan saha sakathahipun tiyang nagari punika, boten sande kawula sami badhe dipun kepang sarta nama kawula badhe kasirnakaken saking bumi. Punapa ingkang badhe Paduka tindakaken damel mulihaken asma Paduka ingkang agung punika?”

maca bab lengkap Yusak 7