Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 6:15-26 Kitab Sutji (JAV)

15. Nanging bareng ing dina kapitune kabeh padha tangi wayah bangun esuk, nalika wetune bang-bang wetan, tumuli padha ngubengi kutha, patrape kaya mangkono iku uga nganti rambah ping pitu; mung ing dina iku nganti rambah kaping pitu anggone padha ngubengi kutha mau.

16. Nalika kaping pitune, bareng para imam ngunekake kalasangka, Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong kabeh: “Padha surak-suraka, amarga Pangeran Yehuwah wus maringake kutha iki marang kowe!

17. Nanging kutha iku lan saisine kabeh, bakal mligi kagem Pangeran prelu kasirnakake mung Rakhab si wanita tunasusila iku kang bakal lestari urip, dalah sakehe wong kang tunggal saomah karo dheweke, amarga wus ndhelikake utusan kang padha kita lakokake.

18. Mung bae kowe padha dingati-ati aja nganti kalepetan, barang kang mligi kadadekake leburan, kowe aja njupuk sawijining barang leburan iku, sawuse kabeh iku padha kokmligekake, supaya ora ndadekake sirna lan bilaine pakemahaning wong Israel.

19. Sakehe selaka lan emas, apadene piranti tembaga lan wesi iku dadia sesengkerane Pangeran Yehuwah; kabeh iku bakal kalebokake ing pasimpenaning Yehuwah.”

20. Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.

21. Saisine kutha banjur kalebur kabeh, wong lanang lan wong wadon, bocah lan wong tuwa, dalasan sapi, wedhus lan kuldi, padha katumpes klawan landheping pedhang.

22. Nanging Sang Senapati Yusak banjur ngandika marang wong loro kang biyen padha nelik nagara mau: “Padha lumebua ing omahe wong wadon tunasusila kae, wong iku gawanen metu saka ing kono dalasan sakulawargane kabeh, kaya kang wus dadi supatamu marang dheweke.”

23. Wong nom kang dadi telik mau banjur padha mlebu, Rakhab, bapa-biyunge sarta sadulure dalah sakehing wong kang tunggal saomah karo dheweke, iya sakulawargane kabeh padha digawa metu, nuli dipapanake ing sajabaning pakemahane wong Israel.

24. Nanging kuthane dalah saisine kabeh tumuli diobong ing geni, mung kang arupa selaka lan mas tuwin piranti tembaga lan wesi iku padha dilebokake ing pasimpenaning rajabrana ing padalemane Pangeran Yehuwah.

25. Kaya mangkono dadine Rakhab wong wadon tunasusila sakulawargane sarta kabeh kang melu dheweke kabeh iya padha diparengake lestari urip dening Sang Yusak, banjur tetep pamanggone ana ing tengahe bangsa Israel nganti saprene, amarga saka anggone ndhelikake wong kang diutus dening Sang Yusak nelik kutha Yerikho.

26. Ing nalika samana Sang Senapati Yusak asupaos pangandikane: “Wong kang bakal tumandang mbangun kutha Yerikho iki, kenaa ing laknat ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; anggone masang tetalese kutha kalawan masrahake anake pembarep lan anggone ngadegake gapurane kalawan masrahake nyawane anake wuragil!”

maca bab lengkap Yusak 6