Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 6:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Esuke Sang Senapati Yusak isih esuk uthuk-uthuk wus wungu, lan para imam tumuli padha ngusung pethine Pangeran Yehuwah;

13. sarta imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu padha lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah, kambi ngunekake kalasangkane, dene kang asikep gegaman padha lumaku ana ing ngarepe, dene wadya-bala panutup lumaku ing saburine pethine Sang Yehuwah, lan tansah binarengan swaraning kalasangka.

14. Mengkono dadine ing dina kapindho iya mung sapisan anggone ngubengi kutha mau, banjur padha bali menyang ing pakemahan maneh. Kaya mangkono iku patrape ngangti nem dina lawase.

15. Nanging bareng ing dina kapitune kabeh padha tangi wayah bangun esuk, nalika wetune bang-bang wetan, tumuli padha ngubengi kutha, patrape kaya mangkono iku uga nganti rambah ping pitu; mung ing dina iku nganti rambah kaping pitu anggone padha ngubengi kutha mau.

16. Nalika kaping pitune, bareng para imam ngunekake kalasangka, Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong kabeh: “Padha surak-suraka, amarga Pangeran Yehuwah wus maringake kutha iki marang kowe!

17. Nanging kutha iku lan saisine kabeh, bakal mligi kagem Pangeran prelu kasirnakake mung Rakhab si wanita tunasusila iku kang bakal lestari urip, dalah sakehe wong kang tunggal saomah karo dheweke, amarga wus ndhelikake utusan kang padha kita lakokake.

18. Mung bae kowe padha dingati-ati aja nganti kalepetan, barang kang mligi kadadekake leburan, kowe aja njupuk sawijining barang leburan iku, sawuse kabeh iku padha kokmligekake, supaya ora ndadekake sirna lan bilaine pakemahaning wong Israel.

19. Sakehe selaka lan emas, apadene piranti tembaga lan wesi iku dadia sesengkerane Pangeran Yehuwah; kabeh iku bakal kalebokake ing pasimpenaning Yehuwah.”

maca bab lengkap Yusak 6