Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 6:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing wektu iku kutha Yerikho wus ngancing gapurane, kutha iku wus kancingan marga saka wong Israel, ora ana wong metu utawa mlebu.

2. Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Lah kutha Yerikho dalah ratu lan para pahlawane kang gagah prakosa Sunulungake ing tanganira.

3. Sira padha ngubengana kutha iku, yaiku sakehe prajurit padha ngubengana kutha iku kaping sapisan bae, iku lakonana nganti nem dina lawase,

4. lan anaa imam pitu kang nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethi. Nanging ing dina kang kapitu anggonira padha ngubengi kutha iku kudu kaping pitu sarta para imam mau banjur padha ngunekna kalasangkane.

5. Dene samangsa ana tengara kalasangka sungu wedhus muni melung, nalika sira padha krungu tengara kalasangka iku, wong kabeh nuli padha surak-suraka kang sora, sanalika balowartine kutha iku bakal jugrug, wong sabangsa banjur padha munggaha, saben wong lumakua manut ing enere dhewe-dhewe.”

6. Senapati Yusak bin Nun tumuli nimbali para imam kang padha didhawuhi mangkene: “Pethine prasetyan usungen lan anaa imam pitu kang padha nggawa kalasangka sungu wedhus pitu kang lumaku ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”

7. Nuli dhawuh marang wong kabeh: “Padha lumakua, kutha iki ubengana dene kang asikep gegaman padha lumakua ana ing ngarepe pethine Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap Yusak 6