Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 5:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.

2. Nalika samana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak mangkene: “Sira gawea lading watu, wong Israel padha tetakana maneh ping pindhone.”

3. Senapati Yusak tumuli damel lading watu sarta netaki wong Israel ana ing gunung Kulit Khatan.

4. Mungguh jalarane anggone wong Israel padha ditetaki Sang Yusak iku mangkene: Sakehe wong lanang kang padha budhal saka ing tanah Mesir yaiku para kang lanang, para prajurit iku wus padha mati ana ing dedalan ing ara-ara samun, sabudhale saka ing tanah Mesir.

5. Dhasar sakehing wong kang metu saka ing tanah Mesir, iku wus padha katetakan nanging wiwit budhale saka ing tanah Mesir mau sakehe wong kang lair ana ing dalan ing ara-ara samun iku padha durung ditetaki.

6. Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;

7. nanging anak-anake iku kang didadekake gegentine, yaiku kang padha ditetaki Sang Yusak, ujer isih padha ikutan, amarga ana ing dalan durung ditetaki.

8. Bareng wong sabangsa kabeh wus padha katetakan, nuli padha lereb ana ing panggonane dhewe-dhewe ana ing pakemahan nganti sawarase.

maca bab lengkap Yusak 5