Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 4:7-21 Kitab Sutji (JAV)

7. Kowe nuli padha kandhaa: Menawa banyune bengawan Yarden kapedhot ana ing ngarepe pethi prasetyaning Yehuwah; nalika pethi iku nyabrang ing bengawan Yarden, banyune bengawan iku tumuli kapedhot. Mulane watu-watu iki padha dadia pangeling-eling marang wong Israel ing salawase.”

8. Wong Israel tumuli padha nglakoni sadhawuhe Sang Senapati Yusak, padha ngusung watu saka ing satengahe bengawan Yarden, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, miturut cacahe talere wong Israel, banjur padha diusungi menyang ing sabrange bengawan menyang ing papan panginepan lan diselehake ana ing kono.

9. Apa maneh Sang Senapati Yusak banjur ngadegake watu rolas ana ing satengahe kali Yarden, ing tilas papan tumapake tlapakane para imam, kang ngusung pethi prasetyan. Watu-watu mau isih tetep ana ing kono nganti tumeka saiki.

10. Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.

11. Bangsa Israel nuli age-age padha nyabrang, pethine Sang Yehuwah lan para imam tumuli padha lumaku, sinawang dening para umat.

12. Uga wong bani Ruben lan bani Gad lan saparoning bani Manasye padha nyabrang kalawan asikep gegaman ana ing ngarepe wong Israel, ngetrepi apa kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa marang wong-wong mau.

13. Bala prajurit kang siyaga ing perang cacahe watara patang puluh ewu, iku padha nyabrang ana ing ngarsane Sang Yehuwah menyang ing tanah ngarene Yerikho, padha arep mangsah perang.

14. Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.

15. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Yusak mangkene:

16. “Para imam kang ngusung pethining angger-anggere Gusti Allah padha dhawuhana mentas saka ing bengawan Yarden.”

17. Sang Senapati Yusak tumuli dhawuh marang para imam mangkene: “Padha mentasa saka ing bengawan Yarden!”

18. Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.

19. Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.

20. Sang Senapati Yusak nuli numpuk watu rolas kang kajupuk saka ing bengawan Yarden mau ana ing Gilgal,

21. lan banjur ngandika marang wong Israel: “Manawa besuk anak-anakmu padha takon marang bapakne, apa tegese watu-watu iki,

maca bab lengkap Yusak 4