Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 4:16-24 Kitab Sutji (JAV)

16. “Para imam kang ngusung pethining angger-anggere Gusti Allah padha dhawuhana mentas saka ing bengawan Yarden.”

17. Sang Senapati Yusak tumuli dhawuh marang para imam mangkene: “Padha mentasa saka ing bengawan Yarden!”

18. Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.

19. Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.

20. Sang Senapati Yusak nuli numpuk watu rolas kang kajupuk saka ing bengawan Yarden mau ana ing Gilgal,

21. lan banjur ngandika marang wong Israel: “Manawa besuk anak-anakmu padha takon marang bapakne, apa tegese watu-watu iki,

22. iku padha wenehana sumurup mangkene: Wong Israel wus nyabrang ing bengawan Yarden iki kalawan ngambah ing gasikan! --

23. amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngasatake bengawan Yarden ana ing ngarepmu, temah kowe padha bisa nyabrang, padha kaya kang ditindakake Sang Yehuwah Gusti Allahmu tumrap Segara Teberau, kang diasatake ana ing ngarepku kabeh, temah aku padha bisa nyabrang,

24. iku supaya sakehe bangsa ing sajagad ngawruhana yen astane Sang Yehuwah iku kuwasa, temah padha tansah eringa marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu!”

maca bab lengkap Yusak 4