Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Esuk-esuk Sang Senapati Yusak wus wungu, banjur bidhal saka ing Sitim kadherekake dening wong Israel kabeh. Bareng padha tekan ing bengawan Yarden, sadurunge nyabrang padha nginep ana ing kono.

2. Sawuse antara telung dina para tetindhihing wadya-bala banjur padha mider-mider ing sakehing pakemahan,

3. lan prentah marang wong sabangsa kabeh, pangucape: “Samangsa kowe padha ndeleng pethi prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kausung dening para imam, kang pancen saka taler Lewi, tumuli kowe iya padha budhala saka ing panggonanmu ngetutake pethi mau.

4. Mung bae anaa lete ing antarane pethi lan kowe, kira-kira rongewu asta, sarta pethi iku aja kokcedhaki, perlune kowe supaya weruha dalan kang bakal kokambah, amarga kowe biyen durung tau ngambah ing dalan kono.”

5. Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”

6. Para imam banjur didhawuhi Sang Senapati Yusak, mangkene: “Pethining prasetyan iku usungen banjur padha nyabranga ana ing ngarepe bangsa iku.” Para imam banjur padha ngusung pethi prasetyan sarta lumaku ana ing ngarepe bangsa iku.

7. Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.

8. Para imam kang padha ngusung pethi prasetyan padha prentahana: “Satekamu ing pinggiring bengawan Yarden, padha mandhega ing satengahing bengawan kono.”

9. Sang Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong Israel: “Padha nyedhaka, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.”

10. Sarta maneh pangandikane Sang Senapati Yusak: “Iki dadia titikane enggonmu padha sumurup, yen Gusti Allah kang sipat gesang ana ing satengahmu, lan mesthi bakal nundhungi wong Kanaan, wong Het, wong Hewi, wong Feris, wong Girgasi, wong Amori lan wong Yebus, saka ing ngarepmu!

maca bab lengkap Yusak 3