Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 24:23-32 Kitab Sutji (JAV)

23. “Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.”

24. Atur wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Kula sami badhe ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita saha ngestokaken dhawuhipun.”

25. Ing dina iku uga Senapati Yusak damel prajanjian karo wong-wong mau sarta damel katetepan lan pranatan ana ing Sikhem kono.

26. Senapati Yusak banjur nyerati sakehing pangandika iku mau ana ing kitab angger-anggere Gusti Allah, banjur mundhut watu gedhe siji diadegake ana ing papan kono ana ing sangisore wit-witan kang gedhe, ing sacedhaking pasucene Sang Yehuwah.

27. Senapati Yusak nuli ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Lah watu iki minangka seksi tumrap kita, amarga wus krungu sakehing pangandikane Sang Yehuwah kang wus kadhawuhake marang kita. Mulane watu iki bakal dadi seksi tumrap ing kowe, supaya kowe aja nganti padha nyelaki marang Gusti Allahmu.”

28. Senapati Yusak tumuli nglilani wong akeh padha mulih menyang ing tanah-pusakane dhewe-dhewe.

29. Sawuse lelakon iku mau, Senapati Yusak bin Nun abdine Sang Yehuwah banjur seda, yuswane satus sepuluh taun.

30. Panjenengane nuli disarekake ana ing wewengkone tanah-pusakane ing Timnat-Serah, kang ana ing pagunungan Efraim, ing salore gunung Gaas.

31. Dene wong Israel iku tetep anggone padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan ing jamane para tuwa-tuwa kang umure luwih dawa tinimbang Senapati Yusak mau lan kang padha menangi sakehing pandamele Sang Yehuwah kang wus katindakake kanggo wong Israel.

32. Karodene tosane Sang Adipati Yusup, kang wus digawa wong Israel saka ing tanah Mesir, iku iya disarekake uga ana ing Sikhem, ing bumi kang kapundhut dening Rama Yakub saka para putrane Sang Hemor, ramane Sang Sikhem kanthi rega satus kesitah, sarta kang banjur katetepake dadi darbeke tedhake Adipati Yusup, minangka tanah-pusakane.

maca bab lengkap Yusak 24