Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 24:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Kaya mangkono anggone para leluhurira padha Sunparingi nagara, kang padha sira ebeki ora kalawan rekasa, lan kutha-kutha kang ora sira degake, nanging sira kang padha ngenggoni, apadene pakebonan anggur lan wit jaitun kang ora sira tandur, nanging sira kang padha mangan wohe.

14. Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.

15. Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”

16. Ing kono wong-wong padha mangsuli, ature: “Tebiha saking kula yen kula sami nilara dhumateng Pangeran Yehuwah, lajeng ngabekti dhateng allah sanesipun!

17. Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.

18. Sang Yehuwah ingkang sampun nundhungi sakathahipun bangsa saha tiyang Amori, ingkang manggen ing nagari ngriki saking ngajengan kula. Kula inggih sami badhe ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah, amargi inggih Panjenenganipun punika Gusti Allah kita.”

19. Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.

20. Menawa kowe padha nyingkur marang Sang Yehuwah lan ngabekti marang allah liyane, Panjenengane bakal nilar kowe lan banjur nandukake kang ora becik marang kowe lan numpes marang kowe, sawuse nyaeni marang kowe ing maune.”

21. Nanging ature wong-wong marang Senapati Yusak: “Boten, kula namung badhe sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.”

22. Senapati Yusak banjur ngandika marang wong-wong iku: “Kowe padha dadi seksi ing ngatase awakmu dhewe, yen kowe wus padha milih Pangeran Yehuwah lan bakal padha ngabekti marang Panjenengane.” Atur wangsulane wong-wong mau: “Inggih kula sami dados seksi.”

23. “Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.”

24. Atur wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Kula sami badhe ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita saha ngestokaken dhawuhipun.”

maca bab lengkap Yusak 24