Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 22:20-34 Kitab Sutji (JAV)

20. Nalika Akhan bin Zerah nglakoni panerak tumrap barang tebusan, rak tumuli ana bebendu kang tumiba ing umate Israel kabeh, tur ora ngemungake wong siji iku bae kang mati marga saka dosane.”

21. Ing kono wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning taler Manasye padha mangsuli atur marang para panggedhe ing kulawangsane Israel:

22. “Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah inggih Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah, punika ingkang nguningani sarta tiyang Israel pantes ugi nyumerepi! Manawi kalampahanipun punika margi saking kekajengan badhe mbalila utawi boten setya dhumateng Sang Yehuwah, kula sampun ngantos sami kaparingan wilujeng dening Yehuwah ing dinten punika;

23. manawi anggen kula damel misbyah punika margi sumedya badhe ngungkuraken Sang Yehuwah, utawi badhe kula angge caos kurban obaran saha kurban dhaharan, punapa dene kula angge caos kurban kawilujengan, mugi Sang Yehuwah piyambak ingkang paring piwales dhateng kula sadaya.

24. Sayektosipun anggen kula ngantos sami nglampahi makaten punika, namung kabekta saking sumelanging bab setunggaling prekawis. Kula sami manah: Bokmanawi putra wayah panjenengan ing tembe badhe sami gadhah wicanten dhateng anak putu kula mekaten: Kowe padha melu-melu apa karo Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel?

25. Rak bengawan Yarden iku kang wis kapesthi dening Sang Yehuwah dadi wates ing antarane aku karo kowe, he bani Ruben lan bani Gad; kowe padha ora duwe panduman bab ing ngatase Pangeran Yehuwah. Mekaten putra wayah panjenengan wau bokmenawi badhe sami ngampah dhateng anak putu kula anggenipun sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.

26. Pramila kula sami wicanten: Becike aku padha ngadegake misbyah iku kanggo kita. Boten kangge caos kurban obaran tuwin kurban sembelehan,

27. namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.

28. Ing salajengipun kula sami wicanten: Saupama besuk padha duwe pangucap marang kita utawa marang turun kita kaya mangkono, nuli kita bakal padha mangsuli: Padha delengen ta wangune tetironing misbyahe Pangeran Yehuwah gaweane para leluhurku; iku ora kanggo kurban obaran, kurban dhaharan utawa kurban sembelehan, nanging iku dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.

29. Sakalangkung tebih saking kula,manawi kula sami mbalela dhumateng Sang Yehuwah, utawi sami ngungkuraken Sang Yehuwah ing dinten punika, margi damel misbyah kangge kurban obaran, kurban dhaharan utawi kurban sembelehan, anjawi saking misbyah kagunganipun Sang Yehuwah Gusti Allah kula ingkang wonten ing ngajengipun Tarub-Sucinipun.”

30. Imam Pinehas lan para panggedhene umat lan para panggedhening kulawangsane wong Israel kang padha ndherek, bareng padha mireng tembung kang diucapake dening bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye, bab iku banjur kaanggep prayoga.

31. Imam Pinehas bin Eleazar tumuli ngandika marang bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye: “Saiki aku padha sumurup yen Sang Yehuwah ana ing tengah kita, marga kowe ora padha nyimpang saka ing kasetyanmu marang Sang Yehuwah; marga saka iku kowe temah padha ngluwari wong Israel saka ing paukumaning Yehuwah.”

32. Imam Pinehas bin Eleazar karo para panggedhe mau banjur padha nilar bani Ruben lan bani Gad ing tanah Gilead, kondur menyang ing tanah Kanaan, manggihi wong Israel klawan ngluntakake pawarta mau.

33. Anadene wangsulan mau iya kaanggep prayoga dening wong Israel, sarta wong Israel tumuli padha memuji marang Gusti Allah, lan wus ora rerasanan maneh bab nglurugi perang lan sumedya ngrusak nagara kang dienggoni dening bani Ruben lan bani Gad.

34. Bani Ruben lan bani Gad banjur padha njenengake misbyah mau: Seksi, marga iku dadi seksi ana ing antara kita, yen Sang Yehuwah iku Gusti Allah.

maca bab lengkap Yusak 22