Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 15:13-29 Kitab Sutji (JAV)

13. Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.

14. Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.

15. Saka ing kono Rama Kaleb banjur nglurugi bangsa Debir, Jeneng Debir iku maune Kiryat-Sefer.

16. Rama Kaleb nuli ngandika mangkene: “Sing sapa nggempur kutha Kiryat-Sefer nganti bisa bedhah, bakal dakpek mantu dakolehake anakku wadon Akhsa.”

17. Kutha mau banjur dibedhah dening Sang Otniel, putrane Sang Kenas, sadhereke Rama Kaleb, mulane Rama Kaleb banjur maringake Akhsa, putrane putri, marang panjenengane dadi garwane.

18. Bareng Ibu Akhsa mau wus rawuh, sing kakung banjur diojok-ojoki supaya nyuwun pategalan marang ramane. Ibu Akhsa tumuli mandhap saka ing kuldine, Rama Kaleb ndangu: “Ana apa?”

19. Atur wangsulane Ibu Akhsa: “Kula nyuwun kaparingana ganjaran; kula sampun panjenengan paringi siti ingkang cengkar, nyuwun kaparingana sumber ugi.” Banjur diparingi sumber ing tenggeran lan ing ledhokan.

20. Iki tanah pusakane taler Yehuda miturut gotrah-gotrahe.

21. Kutha-kuthane bani Yehuda kang ana ing poncot dhewe, ing sacedhake kikise tanah Edom, ing tanah Negeb, yaiku: Kabzeel, Eder, Yagur,

22. Kina, Dimona, Adada,

23. Kedesy, Hazor, Yitnan,

24. Zif, Telem, Bealot,

25. Hazor-Hadata, Keriot-Hezron, yaiku Hazor,

26. Amam, Sema, Molada,

27. Hazar-Gada, Hesmon, Bet-Pelet,

28. Hazar-Sual, Bersyeba lan sakehe kutha wewengkone,

29. Baala, Iyim, Ezem,

maca bab lengkap Yusak 15