Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 15:11-16 Kitab Sutji (JAV)

11. wates mau nuli mangalor menyang ing ereng-erenge gunung Ekron, terus mlengkung menyang ing Sikhron terus menyang ing gunung Baala lan metu ing sacedhake Yabneel, temahan wates mau anjog ing sagara.

12. Mungguh wates kulon yaiku Sagara Gedhe lan pasisire. Iku mau tapel-watese tlatahe wong bani Yehuda ing saubenge miturut gotrahe dhewe-dhewe.

13. Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.

14. Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.

15. Saka ing kono Rama Kaleb banjur nglurugi bangsa Debir, Jeneng Debir iku maune Kiryat-Sefer.

16. Rama Kaleb nuli ngandika mangkene: “Sing sapa nggempur kutha Kiryat-Sefer nganti bisa bedhah, bakal dakpek mantu dakolehake anakku wadon Akhsa.”

maca bab lengkap Yusak 15