Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 12:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.

2. Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing kutha Hesybon, wewengkone wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon, ing saparone kali iku, kawuwuhan saparone tanah Gilead, tutug ing kali Yabok, tapel watese dhaerah bani Amon,

3. tuwin kang uga mbawahake Araba-Yordan tutug ing sisih wetane telaga Kinerot, lan tutug ing sisih wetane sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing penere Bet-Yesimot, lan ing sisih kidul nganti tutug ing ngisore peperenging gunung Pisga.

4. Banjur tlatahe Prabu Og, ratu ing Basan, panunggalane wong Refaim, ratu iki akedhaton ana ing Asytarot lan ing Edrei,

5. wengkone ngacaki ing gunung Hermon, ing Salkha lan ing satanah Basan kabeh tutug ing dhaerahe wong Gesur lan wong Maakha, apadene saparone tanah Gilead tutug ing tlatahe Prabu Sihon, ratu ing Hesybon.

6. Iku wus padha dikalahake Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, karo wong Israel, lan tanah iku banjur diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah marang wong Ruben lan wong Gad lan saparone taler Manasye minangka darbeke.

7. Iki pratelan bab para ratuning nagara kang padha dikalahake dening Senapati Yusak lan wong Israel ana ing sakulone bengawan Yarden, wiwit ing Baal-Gad ana ing lebaking gunung Libanon tutug ing pagunungan Gundhul, kang munggah ing penere Seir, nagara iki diparingake Sang Yusak marang para talere Israel minangka darbeke miturut pandumane dhewe-dhewe:

8. ing Pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Araba-Yordan, ing peperenging gunung, ing ara-ara samun lan ing tanah Negeb, yaiku ing nagarane wong Het, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus --:

maca bab lengkap Yusak 12