Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 12:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.

2. Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing kutha Hesybon, wewengkone wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon, ing saparone kali iku, kawuwuhan saparone tanah Gilead, tutug ing kali Yabok, tapel watese dhaerah bani Amon,

3. tuwin kang uga mbawahake Araba-Yordan tutug ing sisih wetane telaga Kinerot, lan tutug ing sisih wetane sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing penere Bet-Yesimot, lan ing sisih kidul nganti tutug ing ngisore peperenging gunung Pisga.

4. Banjur tlatahe Prabu Og, ratu ing Basan, panunggalane wong Refaim, ratu iki akedhaton ana ing Asytarot lan ing Edrei,

5. wengkone ngacaki ing gunung Hermon, ing Salkha lan ing satanah Basan kabeh tutug ing dhaerahe wong Gesur lan wong Maakha, apadene saparone tanah Gilead tutug ing tlatahe Prabu Sihon, ratu ing Hesybon.

maca bab lengkap Yusak 12