Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 11:21-23 Kitab Sutji (JAV)

21. Nalika samana Senapati Yusak rawuh numpes wong Enak ing pagunungan Hebron, ing Debir, ing Arab, ing sawratane pagunungan Yehuda, lan ing sawratane pagunungan Israel. Iku kabeh dalah kutha-kuthane padha katumpes dening Senapati Yusak.

22. Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.

23. Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa. Nagara iku diparingake dening Senapati Yusak marang Israel dadi warisan pusaka miturut pandumane talere dhewe-dhewe. Nagara kono banjur dadi tentrem, wus mari perang.

maca bab lengkap Yusak 11