Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 11:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Prabu Yabin, ratu ing nagara Hazor midhanget bab lelakon iku mau, banjur utusan marang Prabu Yobab, ratu ing Madon, marang ratu ing nagara Simron, marang ratu ing nagara Akhsaf,

2. sarta marang para ratu kang ana ing sisih lor ing pagunungan, ing Araba-Yordan, ing sakidule Kinerot, ing Dhaerah Pagunungan lan ing tanah tengger Dor sisih kulon,

3. yaiku para ratune wong Kanaan ing sisih wetan lan ing sisih kulon, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Yebus kang ana ing pagunungan, apadene marang bangsa Hewi, apadene wong ing sikile gunung Hermon ing tanah Mizpa.

4. Ratu-ratu iku tumuli padha budhalan kerig sabalane, cacahe wadya-bala akeh banget, kaya wedhi ing pinggiring sagara, sarta bala jaranan lan kareta perang akeh banget.

5. Para ratu mau sawuse padha manunggal lan padha bebarengan masanggrahan ana ing sacedhake sendhang Merom bakal padha nempuh perang nglawan wong Israel.

6. Sang Yehuwah paring pangandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi adu arep karo wong iku, amarga sesuk ing wayah mangkene iku bakal padha Sunulungake kabeh wus kagecak marang wong Israel. Jarane padha sira kencetana lan karetane perang padha obongana ing geni.”

7. Senapati Yusak sabalane kabeh tumuli teka dumrojog nempuh mungsuh mau ana ing sacedhake sendhang Merom;

8. iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat

9. padha dipatrapi dening Senapati Yusak kaya dene anggone wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: jarane padha dikenceti lan karetane perang padha diobongi ing geni.

maca bab lengkap Yusak 11