Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 10:12-27 Kitab Sutji (JAV)

12. Nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang bangsa Israel, Senapati Yusak munjuk marang Sang Yehuwah ing nalika Sang Yehuwah ngulungake wong Amori marang wong Israel; panjenengane banjur ngandika ana ing ngarepe bangsa Israel: “He srengenge, mandhega ana ing dhuwur Gibeon, lan kowe rembulan, ana ing dhuwur lebak Ayalon!”

13. Srengenge tumuli mandheg, lan rembulan uga ora mingsed, nganti tumeka sarampunge wong Israel anggone males nempuh marang mungsuhe. Bab iku rak wus tinulisan ana ing Kitabe Wong Jujur? Srengenge mandheg ana ing tengahing langit lan alon-alon angslupe nganti watara sadina muput.

14. Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti mindhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.

15. Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing Gilgal kadherekake bala Israel kabeh.

16. Anadene ratu lima iku mau padha keplajeng sarta ndhelik ana ing guwa Makeda.

17. Senapati Yusak banjur diaturi pawarta mangkene: “Ratu gangsal punika sami pinanggih ndhelik wonten ing guwa Makeda.”

18. Senapati Yusak banjur dhawuh: “Cangkeme guwa iku glundungana watu gedhe-gedhe lan ing ngarepe dokokana wong kang jaga.

19. Nanging kowe aja kandheg anggonmu ngoyak-oyak marang mungsuhmu lan pethiting barisane gepuken; aja nganti padha bisa lumebu ing kutha-kuthane, ujer Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngulungake wong-wong iku marang kowe!”

20. Bareng Senapati Yusak lan wong Israel wus rampung anggone padha ngalahake mungsuhe nganti banget anggone kasoran yaiku nganti lebur babar pisan, -- mung sawatara kang bisa oncat lan padha bisa lumebu ing kutha-kutha kang disantosani --

21. wong sabangsa kabeh tumuli padha bali kalawan slamet marang ing ngarsane Senapati Yusak menyang ing palereban ing Makeda, ora ana wong siji-sijia kang wani ngucapake pangancam marang wong Israel.

22. Senapati Yusak banjur ngandika: “Cangkeme guwa iku wengakna, lan ratune lima padha gawanen metu saka ing guwa lan ladekna marang aku mrene!”

23. Kang kadhawuhan tumuli padha nglakoni mangkono, ratu lima padha digawa metu saka ing guwa, kaladekake marang ngarsane Senapati Yusak, iya iku: ratu ing Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing Lakhis, lan ratu ing Eglon.

24. Bareng ratu mau wus padha digawa metu kaladekake marang ing ngarsane Senapati Yusak, Sang Senapati banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta dhawuh marang para tetindhihe prajurit kang wus ndherek perang: “Padha majua, tlapakanmu ancikna ing githoke para ratu iki.” Para tetindhih nuli padha maju lan ngancikake tlapakane ana ing githoke para ratu iku.

25. Senapati Yusak banjur ngandika maneh: “Aja padha wedi lan aja kekes atimu, padha disantosa lan diteguh atimu, amarga kaya mangkene iki bakal pandamele Sang Yehuwah marang sakehe mungsuhmu kang padha koklawan perang.”

26. Sawuse iku para ratu mau banjur padha disedani dening Senapati Yusak, tumuli padha digantung ing kayu limang iji, panggantunge ing kayu mau nganti tumeka ing wayah sore.

27. Bareng wayah ngarepake suruping srengenge Senapati Yusak dhawuh ngudhunake mayite saka ing kayu mau sarta padha dibuwang ing jero guwa, panggonane ndhelik. Cangkeming guwa mau banjur ditutupi watu gedhe-gedhe, kang isih ana nganti saprene.

maca bab lengkap Yusak 10