Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 10:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mindhanget pawarta manawa Senapati Yusak wus mbedhah lan nyirnakake kutha Ai, sarta apa kang katandhukake marang kutha Yerikho lan ratune, uga kaetrapake marang kutha Ai lan ratune lan manawa wong ing kutha Gibeon wus padha nganakake prajanjian memitran karo wong Israel lan manggon ana ing satengahe,

2. temah wong padha wedi banget, amarga Gibeon iku kutha kang gedhe, kaya salah sawijining kutha karajan, malah luwih gedhe katimbang kutha Ai, sarta wong kabeh padha prawira.

3. Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:

4. “Panjenengan sami kula aturi rawuh lan mbiyantu kula, sumangga sami nggecak Gibeon, amargi sampun memitran kaliyan Yusak lan bangsa Israel.”

5. Para ratune bangsa Amori lima mau tumuli padha ngempal lan majeng bareng: ratu Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing kutha Lakhis lan ratu ing kutha Eglon, dalah sabalane kabeh, padha ngadegake kemah ngepung kutha Gibeon lan nempuh perang.

6. Wong ing Gibeon banjur padha kongkonan menyang ing ngarsane Sang Senapati Yusak ana ing pakemahan ing kutha Gilgal, ature: “Mugi sampun ngantos negakaken para abdi panjenengan, enggal rawuha dhateng panggenan kula, ngluwari lan mitulungi kula, amargi sadaya ratunipun bangsa Amori ingkang wonten pareden sami sakuthon nglawan dhateng kula.”

7. Senapati Yusak banjur bidhal saka ing Gilgal, panjenengane lan wadya-bala kabeh, kabeh padha wong prawira lan gagah prakosa.

8. Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Yusak: “Sira aja wedi marang wong iku, uger iku wus padha Sunulungake ing tanganira, temah ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepira.”

9. Senapati Yusak banjur klawan ndadak nempuh marang mungsuhe, sawise sawengi muput bidhal saka ing Gilgal.

10. Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.

maca bab lengkap Yusak 10