Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 1:12-18 Kitab Sutji (JAV)

12. Wong trahe Ruben lan wong trahe Gad tuwin separone taler Manasye tumuli padha didhawuhi Senapati Yusak, mangkene:

13. “Kowe padha ngelingana marang dhawuh piwelinge Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang kowe yaiku: Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu wus ngganjar katentreman marang kowe lan maringi tanah iki:

14. Wong wadon lan anakmu kang isih cilik ing antaramu apadene raja-kayamu padha kena keri ana ing tanah peparinge Nabi Musa marang kowe ana ing sabrangane bengawan Yarden; nanging kowe, para prawira lan kang gagah prakosa padha nyabranga ana ing ngarepe para sadulurmu kalawan sikep gegaman, iku padha biyantonana,

15. nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”

16. Wong mau tumuli padha matur marang Senapati Yusak, mangkene: “Punapa sadhawuh panjenengan dhateng kula, badhe kula estokaken sarta dhateng pundi-pundia kemawon anggen panjenengan badhe ngutus, kula badhe sami mangkat.

17. Kados anggen kula sami manut-miturut dhateng Nabi Musa bab samukawis, mekaten ugi kula sami manut-miturut dhateng panjenengan; namung kemawon, mugi-mugi Pangeran Yehuwah Gusti Allah panjenengan karsaa nunggil kaliyan panjenengan sami kados dene anggenipun nunggil kaliyan Nabi Musa.

18. Sok sintena ingkang mbangkang dhateng dhawuh panjenengan, sarta boten manut dhateng dhawuh panjenengan ing bab samukawis ingkang panjenengan prentahaken punika, punika kadhawahana paukuman pejah. Namung panjenengan mugi ingkang teguh tuwin tatag ing panggalih.”

maca bab lengkap Yusak 1