Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yunus 4:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Lelakon kang kaya mangkono iku ndadekake pegeling panggalihe Nabi Yunus, banjur tuwuh dukane.

2. Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.

3. Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”

4. Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?”

5. Nabi Yunus wus medal saka ing kutha kono lan manggen ana ing sawetane. Ana ing kono damel gubug, sarta ngaub ing kono ngiras ngentosi kapriye bakal kadadeane iku.

6. Pangeran Yehuwah banjur nukulake wit jarak, kang ngungkuli mustakane Nabi Yunus, satemah bisa ngeyubi lan dadi panglipuring dukane. Nabi Yunus remen banget marga saka anane wit jarak mau.

7. Nanging esuke, nalika pletheking bangbang wetan Gusti Allah ndhatengake uler kang nggeges wite jarak, temah iku dadi alum.

8. Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.”

maca bab lengkap Yunus 4