Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yunus 3 Kitab Sutji (JAV)

Tobate kutha Niniwe

3:1-10

1. Nabi Yunus banjur kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah kang kaping pindhone:

2. “Mangkata, menyanga ing Niniwe, kutha kang gedhe iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingake marang sira.”

3. Nabi Yunus tumuli tata-tata lan banjur mangkat menyang ing Niniwe, cundhuk karo pangandikane Gusti Allah. Anadene Niniwe iku kutha kang gedhene ngedab-edabi, jembare lakon telung dina.

4. Nabi Yunus tumuli lumebet ing kutha kono, dohe nganti lakon sadina, banjur nguwuh-uwuh: “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.”

5. Wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah, mulane tumuli padha ngundhangake puwasa lan manganggo bagor, wiwit kang diwasa tumeka bocah-bocah.

6. Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu.

7. Atas saka dhawuhe Sang Prabu lan para panggedhene, banjur kaundhangake lan kadhawuhake ana ing Niniwe mangkene: “Manungsa lan sato-kewan, iya sapi lan wedhus, aja ana kang mangan apa-apa, aja ana kang diengon, sarta aja ana kang ngombe banyu.

8. Manungsa lan sato-kewan kudu padha manganggo bagor, sarta banjur padha sambat-sambata marang Gusti Allah, karo siji-sijine padha mratobata, ninggala pokale kang ala lan mbuwanga tindak panganiaya kang dilakoni.

9. Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”

10. Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.