Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yunus 2:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng,inggih ing dhasaring samodra,kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya,sakathahing alun lan ombak Padukanasabi badan kawula.

4. Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka,punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.

5. Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula,kawula kasasaban ing samodra agung;sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra

6. wonten ing dhasaring redi-redi.Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi;kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun;ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah,dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.

7. Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula,kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah,sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Padukawonten ing padaleman Paduka ingkang suci.

8. Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punikasami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.

9. Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Padukakanthi ngucap sokur;punapa ingkang dados punagi kawula,badhe kawula leksanani;kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!”

10. Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan.

maca bab lengkap Yunus 2