Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yunus 1:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Para wong isine prau banjur padha sapocapan mangkene: “Payo padha mbuwang undhi, supaya tetelaa sapa kang njalari kita katempuh ing bilai mangkene iki.” Tumuli iya kelakon mbuwang undhi, lan Nabi Yunus kang kena.

8. Ing kono pangucape wong akeh marang Nabi Yunus: “Sumangga kula sampeyan sukani sumerep, sinten ingkang njalari kula sami kadhatengan bilai makaten punika? Padamelan sampeyan punapa lan asal sampeyan saking pundi, ing pundi nagari sampeyan, sarta bangsa punapa sampeyan punika?”

9. Wangsulane Nabi Yunus: “Kula tiyang Ibrani, kula ngabekti dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkag kagungan langit, ingkang sampun nitahaken saganten lan dharatan.”

10. Wong kabeh dadine padha wedi banget, sarta banjur celathu marang Nabi Yunus: “Sampeyan kok nglampahi makaten?” Anggone ngucap mangkono iku marga wus ngreti, yen Nabi Yunus iku lolos ngedohi pangayunane Sang Yehuwah; awit wus padha dicritani mangkono.

11. Karodene pitakone marang Nabi Yunus: “Sampeyan kula punapakaken, supados saganten saged lerem saha boten nempuh dhateng kula sadaya malih, awit sagantenipun saya ageng ombakipun.”

12. Wangsulane Nabi Yunus: “Kula sampeyan angkat, kacemplungna ing saganten, temah saganten temtu lajeng lerem saha boten nempuh dhateng sampeyan sadaya malih. Margi kula ngretos, anggen sampeyan katempuh ing prahara ageng punika, margi saking kula.”

13. Wong-wong nuli padha ndhayungi kanthi ngetog kakuwatan, arep ngener menyang dharat maneh, nanging tanpa gawe, marga sagarane saya nggegirisi anggone nempuh.

14. Ing kono banjur padha nyebut marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi-mugi kawula sampun ngantos tiwas pejah margi saking nyawanipun tiyang punika, punapadene sampun ngantos Paduka nempahaken bab punika dhateng kawula sadaya, rah ingkang resik, awitdene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun nindakaken punapa ingkang Paduka karsakaken.”

15. Nabi Yunus tumuli diangkat, kacemplungake ing sagara, sagara banjur sirep ora ngamuk maneh.

16. Awit saka kang mangkono iku wong-wong mau dadi banget wedine marang Sang Yehuwah, sarta padha nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Sang Yehuwah, sarta nglairake punagi.

17. Kacarita marga saka panuntuning Yehuwah nuli ana iwak gedhe kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus, sarta Nabi Yunus ana ing sajroning wetenge iwak mau lawase telung dina telung bengi.

maca bab lengkap Yunus 1