Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yunus 1:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ana dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Yunus bin Amitai, mangkene:

2. “Sira mangkata, paranana kutha gedhe Niniwe lan ngundhangna pameleh marang nagara iku, awit durakane wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”

3. Nanging Nabi Yunus banjur tata-tata arep mlajeng menyang Tarsis adoh saka ing pangayunane Pangeran Yehuwah; nuli tindak menyang ing Yafo; ing kono ana kapal, kang arep mangkat menyang Tarsis; sawuse mbayar wragadinng laku, banjur minggah ing prau, bebarengan karo wong-wong kang menyang Tarsis, adoh saka ing pangayunane Sang Yehuwah.

4. Nanging Pangeran Yehuwah ndhatengake prahara ana ing sagara, temah ing sagara kono banjur ana prahara gedhe, praune nganti meh-meh bae pecah ambyar.

5. Para awak-awaking prau padha kataman giris, kabeh padha sesambat marang allahe dhewe-dhewe, sarta momotan kang ana ing prau padha dibuwangi ing sagara supaya praune dadi entheng. Nanging Nabi Yunus iku wus mandhap menyang ing peranganing prau kang ngisor dhewe lan banjur sarean, wasana sare kepatos.

6. Panggedhening prau tumuli marani Nabi Yunus, pangucape: “Kadospundi sampeyan punika, dene kok saged tilem kepatos makaten? Sumangga sampeyan tangi, lajeng nyebut dhateng Allah sampeyan, bokmanawi Allah punika karsa ngengeti dhateng kita, temah boten ngantos manggih bilai.”

7. Para wong isine prau banjur padha sapocapan mangkene: “Payo padha mbuwang undhi, supaya tetelaa sapa kang njalari kita katempuh ing bilai mangkene iki.” Tumuli iya kelakon mbuwang undhi, lan Nabi Yunus kang kena.

8. Ing kono pangucape wong akeh marang Nabi Yunus: “Sumangga kula sampeyan sukani sumerep, sinten ingkang njalari kula sami kadhatengan bilai makaten punika? Padamelan sampeyan punapa lan asal sampeyan saking pundi, ing pundi nagari sampeyan, sarta bangsa punapa sampeyan punika?”

9. Wangsulane Nabi Yunus: “Kula tiyang Ibrani, kula ngabekti dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkag kagungan langit, ingkang sampun nitahaken saganten lan dharatan.”

10. Wong kabeh dadine padha wedi banget, sarta banjur celathu marang Nabi Yunus: “Sampeyan kok nglampahi makaten?” Anggone ngucap mangkono iku marga wus ngreti, yen Nabi Yunus iku lolos ngedohi pangayunane Sang Yehuwah; awit wus padha dicritani mangkono.

11. Karodene pitakone marang Nabi Yunus: “Sampeyan kula punapakaken, supados saganten saged lerem saha boten nempuh dhateng kula sadaya malih, awit sagantenipun saya ageng ombakipun.”

12. Wangsulane Nabi Yunus: “Kula sampeyan angkat, kacemplungna ing saganten, temah saganten temtu lajeng lerem saha boten nempuh dhateng sampeyan sadaya malih. Margi kula ngretos, anggen sampeyan katempuh ing prahara ageng punika, margi saking kula.”

13. Wong-wong nuli padha ndhayungi kanthi ngetog kakuwatan, arep ngener menyang dharat maneh, nanging tanpa gawe, marga sagarane saya nggegirisi anggone nempuh.

maca bab lengkap Yunus 1