Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 3 Kitab Sutji (JAV)

Paukuman marang para mungsuhe Israel

3:1-8

1. “Dene lah ing dina-dina iku lan ing wektu iku,samangsa Ingsun mulihake kaanane Yehuda lan Yerusalem,

2. ing kono Ingsun bakal nglempakake sakehe bangsa,Sunirid mudhun menyang ing lembah Yosafat,tumuli Ingsun bakal prakaran kalawan para bangsa iku ana ing kanabab umatingSun lan kagunganingSun piyambak, Israel,dene wus padha dipencarake ana ing satengahe para bangsalan tanah kagunganingSun diedum-edum.

3. Anggone ngrebut umatingSun iku sarana mbuwang undhi,bocah lanang diijolake karo wong wadon tuna-susila,bocah wadon diedol dhurupake anggur, supaya bisa ngombe.

4. Anadene mungguh sira, he Tirus lan Sidon sarta sawewengkone Filisti, ana gegayutane apa karo Ingsun? Apa sira arep males pandamelingSun? Manawa sira nandukake apa bae marang Ingsun, kanthi dadakan anggoningSun bakal nampekake panggawenira iku marang sira dhewe.

5. Awitdene salaka lan emas kagunganingSun wus padha sira jupuk, sarta barang-barangingSun kang pangaji padha sira lebokake ing papan pangibadahira,

6. sarta wong-wong Yehuda lan wong-wong Yerusalem wus padha sira edol marang wong Yunani, karepira supaya pisah adoh karo tanahe.

7. Lah bakal padha Suntangekake saka ing panggonan pangedolira mau, sarta nampekake panggawenira iku marang sirahira dhewe.

8. Anadene anakira lanang lan wadon bakal Sunedol marang bani Yehuda, kang banjur ngedol marang para wong Syeba, marang bangsa kang adoh, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.”

Berkah kanggo umate Pangeran Yehuwah

3:9-21

9. Prakara iki undhangna ana ing satengahe para bangsa:padha samektaa ing perang,para pahlawan padha sira angkatna,sakehe prajurit padha sira prentahanasupaya ngetoni perang.

10. Kejene wlukunira kagemblenga dadi pedhang,lan aritira kagawea tumbak;wong kang ringkih ngucapa: “Aku iki pahlawan!”

11. Sakehe para bangsa saka ing ngendi-endi,padha gumregaha lan maraa,sarta padha nglumpuka mrana!Dhuh Yehuwah, para pahlawan Paduka mugi kabektaa mandhap!

12. Para umat padha budhala lan ngluruga,menyang lebak Yosafat,dene Ingsun bakal lenggah ana ing kana,ngadili sakehe para bangsa ing ngendi-endi.

13. Aritira padha empaknaawit undhuh-undhuhane wus tuwa,padha mrenea, padha meresa,awit pamipitane wus kebak anggur,genthong-genthonge wus padha luber,marga akeh pialane wong-wong iku.

14. Akeh wong, akeh wong,ing lebak karampungan,awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah,ana ing lebak karampungan!

15. Srengenge lan rembulan padha dadi peteng,lintang-lintang wus padha ilang cahyane,

16. Pangeran Yehuwah bakal nggero saka ing Sion,ngumandhangake swarane saka ing Yerusalem,langit lan bumi gonjang-ganjing.Nanging Sang Yehuwah dadi pangungsen tumrap umate,lan dadi beteng tumrap wong Israel.

17. “Sira banjur bakal padha sumurupyen Ingsun, Yehuwah, iku Allahira,kang akedhaton ana ing Sion,gunungingSun kang Suci,lan Yerusalem bakal dadi suci,sarta ora diliwati maneh dening bangsa liya.

18. Ing wektu iku bakal kelakongunung-gunung bakal padha netesake anggur anyar,lan tengger-tengger padha mili puwan,lan sakehe kali ing tanah Yehudapadha mili banyu;apamaneh bakal ana tuk metu sakaing padalemane Pangeran Yehuwah,sarta bakal mbanyoni lebak Sitim.

19. Tanah Mesir bakal dadi sepi mamring,lan tanah Edom dadi pasamunan,awit saka panganiaya kang ditandukane marang bani Yehuda,dene wus ngwutahake getih resik ana ing tanahe.

20. Nanging Yehuda lestari dienggoni ing salawase,lan uga Yerusalem nganti turun-tumurun.

21. Lah Ingsun bakal males marang getihe,sapira kang durung Sunwales,Pangeran Yehuwah tetep akedhaton ana ing Sion.”