Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 2:27-32 Kitab Sutji (JAV)

27. Lan sira bakal padha sumurup yenIngsun iki ana ing tengahe Israel,sarta yen Ingsun iki Yehuwah, Allahira, ora ana maneh kajaba Ingsun,lan umatingSun bakal ora nandhang wirang maneh ing salawas-lawase.”

28. “Sawuse mangkono bakal kelakon,Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh,temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit;para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen,lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.

29. Dalah para baturira tukon lanang lan wadon,bakal padha Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku.

30. Mangkono maneh Ingsun bakal nganakake kaelokan ing langit lan ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning kukus.

31. Srengenge bakal salin dadi peteng ndhedhet lan rembulan dadi getih sadurunge tekane dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan nggegirisi iku.

32. Lan sing sapa nyebut asmane Pangeran Yehuwah, iku bakal kapitulungan rahayu, marga ing gunung Sion lan ing Yerusalem bakal ana pangentasan, kaya kang wus di pangandikakake dening Pangeran Yehuwah; sarta saben wong kang katimbalan dening Sang Yehuwah iku bakal dadi panunggalane kang kaentas.”

maca bab lengkap Yoel 2