26. Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg,sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira,kang wus nandukake kaelokan marang sira,karodene umatingSun ora bakal nandhang wirang ing salawas-lawase.
27. Lan sira bakal padha sumurup yenIngsun iki ana ing tengahe Israel,sarta yen Ingsun iki Yehuwah, Allahira, ora ana maneh kajaba Ingsun,lan umatingSun bakal ora nandhang wirang maneh ing salawas-lawase.”
28. “Sawuse mangkono bakal kelakon,Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh,temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit;para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen,lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.
29. Dalah para baturira tukon lanang lan wadon,bakal padha Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku.
30. Mangkono maneh Ingsun bakal nganakake kaelokan ing langit lan ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning kukus.
31. Srengenge bakal salin dadi peteng ndhedhet lan rembulan dadi getih sadurunge tekane dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan nggegirisi iku.