Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 1:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor,marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom.

9. Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilangsaka ing padalemane Sang Yehuwah;para abdine Pangeran Yehuwah,yaiku para imam, padha susah.

10. Pategalan wus rusak,bumi ngenes,awit gandume wus sirnaanggure wus garing,lengane wus nipis.

11. Para wong tani padha kisinan,para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh,marga saka gandum lan sair,awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh.

12. Wite anggur wus garinglan wite anjir wus alum,mangkono uga wite delima,wite kurma lan wite apel,sarupane wit ing ara-ara wus padha garing.Sanyata, kabungahan sirnaoncat saka para anaking manungsa.

13. He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata,he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha,he, para Gusti Allahku,pada lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor,dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatankurban dhaharan lan kurban unjukan.

14. Padha ngundhangna puwasa kang suci,nganakna parepatan agung,nglumpukna para tuwa-tuwa,dalah sakehe wong isine nagaraana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmulan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah.

15. Adhuh bilai dina iku,dene nyata wus chedak dinane Pangeran Yahuwah,tekane awujud karusakan saka Kang Mahakwasa.

16. Ing ngarepe mripat kita,rak wus sirna sakehe pangan,kabungahan lan surak-suraksaka ing padalemane Gusti Allah kita?

17. Winih-winih padha garing ana ing jero lemah,lumbung-lumbung wus padha resik gusis,gudhang-gudhang wus padha ambrukmarga gandume wus entek.

18. Kaya apa panjeriting kewan-kewan,pepanthan sapi padha bingung,marga wus ora ana pangonan maneh,uga wedhus-wedhuse padha kontrang-kantring.

maca bab lengkap Yoel 1