Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 1:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan,lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat,sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha.

5. He, para wong mendem, tangia lan nangisa!He, para wong kang karem anggur, marga saka anggur anyar, padha ngadhuh-adhuha,amarga anggur iku wus dirampas saka ing cangkemmu.

6. Dene ana bangsa kang nglurugi nagaraku,bangsa kang kuwat lan tanpa wilangan cacahe,untune kaya untu singa,lan siyunge kaya siyung singa wadon.

7. Witku anggur padha karusak,lan witku anjir padha dikethoki,dikletheki lan dirubuhake,sarta pang-pange padha dadi putih.

8. Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor,marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom.

9. Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilangsaka ing padalemane Sang Yehuwah;para abdine Pangeran Yehuwah,yaiku para imam, padha susah.

10. Pategalan wus rusak,bumi ngenes,awit gandume wus sirnaanggure wus garing,lengane wus nipis.

maca bab lengkap Yoel 1