Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 1:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Winih-winih padha garing ana ing jero lemah,lumbung-lumbung wus padha resik gusis,gudhang-gudhang wus padha ambrukmarga gandume wus entek.

18. Kaya apa panjeriting kewan-kewan,pepanthan sapi padha bingung,marga wus ora ana pangonan maneh,uga wedhus-wedhuse padha kontrang-kantring.

19. Dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang kawula sambati,awit pangenan ing ara-ara,sampun kamangsa ing latu ngantos telas.Urubing latu sampun nggosongakensakathahing wit-witan ing ara-ara.

20. Dalasan sato-kewan ing ara-araugi sami sesambat dhateng Paduka,margi lepen-lepen sampun sami asat,sarta pangenan ing ara-arasampun kamangsa dening latu.

maca bab lengkap Yoel 1