Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 9:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub,lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.

8. Sabangsa kabeh cikben sumurup,yaiku Efraim lan kang manggon ing Samaria,kang celathu kalawan angkuh lan lumuhur-luhur:

9. “Pagere bata ambruk,kita arep ngedegake pager watu tatahan;wit sikmah padha ditegori,bakal kita salini wit eres.”

10. Sang Yehuwah nuli nglurugake para panggedhening wadya-bala Rezin,lan ngangkatake para mungsuhe:

11. Wong Aram saka ing Wetan, tuwin wong Filisti saka ing kulon,iku padha nguntal Israel kalawan cangkeme kang amba.Sanadyan iki mau kelakon kabeh, dukane durung mendha,sarta astane isih kaagagake.

12. Ewasamono bangsa iku ora bali marang Panjenengane kang ngrangket,lan ora ngupaya marang Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah.

13. Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel,wite lan pange bareng sadina.

14. Para pinituwa lan para wong kang kajen keringan iku endhase,dene nabi kang goroh iku buntute.

maca bab lengkap Yesaya 9