Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 9:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita,ana Putra kang wus kaparingake marang kita,lambanging paprentahan ana ing pamidhangane,lan asmane sinebut: Penasehat Elok,Gusti Allah kang prakosa,Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.

6. Gedhe pangwaose,tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasanana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane,awit iku kadhasarake lan kasantosakakekalawan kaadilan lan kabeneranwiwit saiki nganti ing salawas-lawase.Adrenging panggalihe Pangeran YehuwahGustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.

7. Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub,lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.

8. Sabangsa kabeh cikben sumurup,yaiku Efraim lan kang manggon ing Samaria,kang celathu kalawan angkuh lan lumuhur-luhur:

9. “Pagere bata ambruk,kita arep ngedegake pager watu tatahan;wit sikmah padha ditegori,bakal kita salini wit eres.”

10. Sang Yehuwah nuli nglurugake para panggedhening wadya-bala Rezin,lan ngangkatake para mungsuhe:

11. Wong Aram saka ing Wetan, tuwin wong Filisti saka ing kulon,iku padha nguntal Israel kalawan cangkeme kang amba.Sanadyan iki mau kelakon kabeh, dukane durung mendha,sarta astane isih kaagagake.

12. Ewasamono bangsa iku ora bali marang Panjenengane kang ngrangket,lan ora ngupaya marang Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah.

13. Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel,wite lan pange bareng sadina.

maca bab lengkap Yesaya 9