Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 9:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Ewasamono bangsa iku ora bali marang Panjenengane kang ngrangket,lan ora ngupaya marang Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah.

13. Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel,wite lan pange bareng sadina.

14. Para pinituwa lan para wong kang kajen keringan iku endhase,dene nabi kang goroh iku buntute.

15. Amarga wong-wong kang padha ngirid bangsa iki iku juru panasaran,lan wong-wong sing diirid iku dadi kisruh.

16. Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane,lan ora welas marang anak-anake lolalan marang para randhane,amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala,sarta saben cangkem pangucape gemblung.Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha,tuwin astane isih kaagagake.

17. Amarga duraka iku murub kaya genikang mangsa piskucing lan suket nganti entek,banjur ngobong kekayon ing alas,nganti kukuse kumelun mumbul.

18. Marga saka dukane Sang Yehuwah Gustine sawra tumitah,tanah iku kobong,tuwin bangsa iku dadi mangsane geni;ora ana wong siji-sijia kang melasi sadulure.

19. Padha ngemplok manengen, nanging isih luwe,padha ngemplok mangiwa, nanging durung wareg,saben wong mangan daginge kancane:

maca bab lengkap Yesaya 9