Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 9:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe;wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhetwus padha kaplethekan pepadhang.

2. Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan,saha kabingahan ingkang ageng.Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka,kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen,kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.

3. Awit pasangan ingkang mlindersaha rembatan ingkang wonten ing pundhakipunsarta penthungipun tiyang ingkang nindhessampun Paduka tugel kados nalika kawonipun Midian.

4. Sabab saben sepatu prajurit ingkang gedrag-gedrugtuwin saben jubah ingkang kuthah rahbadhe dados mangsaning latu.

5. Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita,ana Putra kang wus kaparingake marang kita,lambanging paprentahan ana ing pamidhangane,lan asmane sinebut: Penasehat Elok,Gusti Allah kang prakosa,Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.

maca bab lengkap Yesaya 9