Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 7:21-25 Kitab Sutji (JAV)

21. Ing dinten wau saben tiyang badhe ngingah lembu estri ingkang enem tuwin menda gembel kalih,

22. lan margi saking kathahing wedalipun susu, tiyang-tiyang lajeng badhe nedha kanil; lah kanil kaliyan maben badhe dipun tedha ing saben tiyang ingkang taksih wonten ing salebeting nagari.

23. Ing dinten punika saben panggenan ingkang limrahipun kathukulan wit anggur sewu sarta ingkang reginipun sewu sekel salaka, badhe dados panggenaning piskucing saha rumput.

24. Tiyang ingkang kesah mriku kapeksa mbekta panah lan gendhewa, amargi namung piskucing saha rumput thok wujudipun nagari wau sadaya.

25. Makaten malih panjenengan dalem boten badhe wantun rawuh ing sakathahipun ereng-erenging redi ingkang limrahipun dipun paculi, amargi ajrih dhumateng piskucing saha rumput; namung lembu kaliyan menda ingkang saba wonten ing ngriku.

maca bab lengkap Yesaya 7