Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 7:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. awit saderengipun putra wau saged nampik ingkang awon tuwin milih ingkang sae, nagari ingkang ratunipun kekalih panjenengan dalem ajrihi punika badhe katilar suwung.

17. Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken dhumateng panjenengan dalem lan dhumateng kawula dalem sarta dhumateng kulawarga dalem dinten-dinten ingkang dereng nate wonten wiwit nalika Efraim nebihi Yehuda -- inggih punika ratu ing Asyur.”

18. Ing dinten wau badhe kelampahan:Pangeran Yehuwah singsot nimbali laleringkang wonten sungapaning pangpangipun benawi Nil,saha nimbali tawon ing tanah Asyur.

19. Punika sadaya badhe dhateng tuwin mencok ing lembah-lembah ingkang sungilsaha ing lowah-lowahing redi-redi parang,ing sakathahing pager erisarta ing sakathahing pangenan.

20. Ing dinten punika Pangeran badhe nyukur sirah tuwin rambuting pupu kalayan lading panyukuran ingkang dipun sambut saking sabranganing benawi Efrat, inggih punika ratu ing Asyur; malah lading wau inggih badhe nyukur jenggot pisan ngantos pandhes.

21. Ing dinten wau saben tiyang badhe ngingah lembu estri ingkang enem tuwin menda gembel kalih,

22. lan margi saking kathahing wedalipun susu, tiyang-tiyang lajeng badhe nedha kanil; lah kanil kaliyan maben badhe dipun tedha ing saben tiyang ingkang taksih wonten ing salebeting nagari.

23. Ing dinten punika saben panggenan ingkang limrahipun kathukulan wit anggur sewu sarta ingkang reginipun sewu sekel salaka, badhe dados panggenaning piskucing saha rumput.

maca bab lengkap Yesaya 7