Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 7:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika jamane Sang Prabu Akhas, putrane Sang Prabu Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, nata ing nagara Yehuda, Sang Prabu Rezin, ratu ing nagara Aram, kalawan Sang Prabu Pekah putrane Sang Remalya, ratu ing Israel, padha nglurug perang menyang ing Yerusalem, nglawan kutha iku, nanging ora padha bisa ngalahake.

2. Banjur ana kang ngaturi pawarta marang tedhake Sang Prabu Dawud mangkene: “Aram sampun kekemah wonten ing wilayah Efraim,” ing kono panggalihe Sang Prabu Akhas lan atine para kawulane padha gumeter kaya hiyad-hiyuding wit-witan ing alas kang katempuh ing angin.

3. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Yesaya: “Sira mangkata nemonana Akhas, sira lan Syear Yasyub, anakira lanang, menyang ing wekasane ilen-ilening blumbang ndhuwur, menyang ing dalan gedhe ing ara-ara Tukang Penatu,

4. lan matura mangkene: Panggalih dalem ingkang teteg tuwin ingkang tetep ayem, sampun ajrih, sarta panggalih dalem sampun ngantos gumeter awit saking tegesan kajeng bong kalih ingkang kumelun punika, punika mulad-mulading nepsunipun Rezin tuwin Aram saha anakipun Remalya.

5. Ing sarehne Aram lan Efraim kaliyan anakipun Remalya sampun sami ngrancang badhe nandukaken piawon dhumateng panjenengan dalem, kalayan tembungipun:

6. Ayo padha nempuh Yehuda lan padha diweden-wedeni sarta dirayud, anake Tabeel nuli diangkat dadi ratu ana ing satengahe,

7. milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Iku ora bakal kelakon,lan ora bakal kedadean,

8. sabab Damsyik iku ibu-kotaning Aram,lan Rezin iku sesirahe Damsyik.Ing sajrone sawidak lima taunEfraim bakal pecah ora dadi bangsa maneh.

9. Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim,sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria.Manawa sira padha ora pracaya,sira ora bakal padha tulus santosa.”

maca bab lengkap Yesaya 7