Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 65:5-18 Kitab Sutji (JAV)

5. kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku,mundhak dadi suci marga saka aku!”Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun,kaya geni kang murub sadina muput.

6. Lah ing ngarsaningSun wus ana tulisan mangkene:Ingsun ora bakal kendel bae,Ingsun malah bakal ndhawahake piwales,piwales marang para wong iku,

7. marga saka kaluputane wong-wong iku dhewe, lan kaluputane para leluhure,kabeh iku bareng, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.Amarga wus padha ngobong kurban ana ing gunung-gununglan nenacad Ingsun ana ing tengger-tengger.Ingsun pancen bakal naker ana ing jubahepituwasing panggawe-panggawene kang biyen!

8. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune:iku aja dirusak,sabab ing jerone isih ana berkahe!mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun,yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.

9. Ingsun bakal nukulake turun saka Yakub,lan wong saka Yehuda kang bakal maris gunung-gunungingSun;wong-wong pepilihaningSun kang bakal tampa iku sarta para abdiningSun kang bakal manggon ing kono.

10. Saron bakal dadi pangonaning wedhuslan lebak Akhor dadi plegunganing sapi,tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun.

11. Nanging sira kang wus padha ninggal Pangeran Yehuwah,kang wus padha lali marang gunungingSun kang suci,kang padha nata sesajen kanggo Dewa Gad,tuwin kang padha nyuguhake anggur kang dicampuri bumbu marang Dewa Meni:

12. Ingsun bakal nemtokake sira marang pedhang,tuwin sira bakal padha jengkeng arep disembeleh!Amarga nalika Ingsun nimbali,sira ora ngaturake wangsulan,nalika Ingsun ngandika,sira ora padha ngrungokake,nanging sira nglakoni kang ala ana ing paningalingSunlan luwih dhemen marang apa kang ora ndadekake keparenging panggalihingSun.”

13. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Allah:“Lah para abdiningSun bakal mangan,nanging sira bakal padha kaliren;para abdiningSun bakal padha ngombe,nanging sira bakal padha kasatan;para abdiningSun bakal padha bungah-bungah,nanging sira bakal padha nandhang wirang;

14. para abdiningSun bakal surak-surak marga saka senenging atine,nanging sira bakal padha sambat-sambat marga saka padha prihatin,sarta sira bakal padha nangis marga pepes semangatira.

15. Para wong pepilihaningSun kudu sira tinggali jenengirakanggo sumpah ipat-ipat iki:Pangeran Allah muga karsaa ndadekake kowe kaya wong-wong iki!Nanging para abdiningSun bakal kasebut nganggo jeneng seje,

16. satemah wong kang arep oleh berkah ana ing nagara,bakal nyuwun berkah demi Allah kang setya,lan wong kang arep sumpah ana ing nagarabakal sumpah demi Allah kang setyasabab karupekan-karupekan kang biyen iku wus padha ora dielingi,sarta wus kaling-kalingan tumrap paningalingSun.”

17. “Awitdene lah Ingsun nitahake langit kang anyarlan bumi kang anyar;bab-bab kang biyen ora bakal dielingi maneh,lan ora bakal tuwuh maneh ing sajroning ati.

18. Nanging padha bungah-bungaha lan surak-surakamarga saka apa kang Suntitahake,awit lah Ingsun nitahake Yerusalem kalawan kebak kabungahantuwin para kang manggon ing kono kalawan kebak kasenengan.

maca bab lengkap Yesaya 65