Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 62:8-12 Kitab Sutji (JAV)

8. Pangeran Yehuwah wus supaos demi astane kang tengen,demi astane kang kiyat:“Lah Ingsun ora bakal maringake gandumira maneh marang mungsuhira minangka pangane,lan wong-wong bangsa liyan ora bakal ngombe anggurira kang wus sira olah kanthi rekasa;

9. nanging wong kang ngeneni uga bakal manganlan bakal memuji marang Pangeran Yehuwah,tuwin wong kang nglumpukake uga bakal ngombeana ing plataran-plataraning pasuceningSun.”

10. Lumakua, lumakua metu ing gapura,nyawisna dalan kanggo umat,bukaken, bukaken lurunge gedhe,singkirna watu-watune,masanga gendera kanggo para bangsa!

11. Amarga iki kang wus kaundhangake dening Pangeran Yehuwahnganti tekan ing poncoting bumi!Wartakna marang putri Sion:Lah karahayonmu teka;lah kabeh kang dadi pituwasing rekaosepadha bareng kalawan Panjenengane,sarta kang wus dadi kagungane ikupadha lumaku ana ing ngarsane.

12. Iku bakal padha diarani ing wong “bangsa kang suci”,“para tetebusane Pangeran Yehuwah”,dene kowe bakal kasebut “kang digoleki”,“kutha kang ora ditinggal”.

maca bab lengkap Yesaya 62