Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 62:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Marga saka Sion aku ora bisa meneng,lan marga saka Yerusalem aku ora bakal leren,nganti tumeka kabenerane sumunar kaya cahyalan karahayone murub kaya obor.

2. Para bangsa banjur bakal padha ndeleng kabeneranmu,lan sakehing ratu bakal padha mirsani kamulyanmu,tuwin wong bakal ngarani kowe nganggo jeneng anyarkang bakal katemtokake dening Sang Yehuwah piyambak.

3. Kowe bakal dadi makuthaning kamulyan ana ing astaning Pangeran Yehuwah,lan serbaning karajan ana ing astaning Allahmu.

4. Kowe ora bakal diarani maneh “kang ditinggal ing bojo”,tuwin nagaramu ora bakal kasebut maneh “kang sepi”,nanging kowe bakal diarani “kang ndadekake keparengingSun”lan nagaramu “kang duwe bojo”,amarga kowe wus ndadekake keparenging Sang Yehuwah,lan nagaramu bakal duwe bojo.

5. Amarga kayadene jaka duwe bojo prawan,mangkono uga Panjenengane kang mbangun kowe bakal dadi jodhomu,lan kayadene bungahing atine penganten lanang ndeleng penganten wadon,mangkono uga Gusti Allahmu bakal rena ing panggalih marga saka kowe.

6. Ing dhuwure tembok-tembokira, he Yerusalem,wus Sunpasangi wong jaga.Ing sadina-dina lan ing sawengi-wengine,iku padha ora tau meneng.He kowe kang kudu ngengetake Pangeran Yehuwah marang Sion,kowe aja padha mung meneng bae

7. lan aja koketogake bae Panjenengane kendel,nganti Yerusalem kasantosakake dening Panjenenganetuwin kadadekake misuwur ana ing bumi.

8. Pangeran Yehuwah wus supaos demi astane kang tengen,demi astane kang kiyat:“Lah Ingsun ora bakal maringake gandumira maneh marang mungsuhira minangka pangane,lan wong-wong bangsa liyan ora bakal ngombe anggurira kang wus sira olah kanthi rekasa;

maca bab lengkap Yesaya 62