Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 60:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Lah bangsa lan karajan kang ora gelem suwita marang sira mesthi bakal sirna;bangsa-bangsa iku bakal karusak, katumpes.

13. Kamulyaning gunung Libanon yaiku wit beros, wit berangan lan wit cemara,bakal uga digawa pisan menyang ing ngarepira,kanggo ngrerengga wewengkone padalemaningSun kang suci,sabab Ingsun arsa damel mulyaning papan kang kaidak ing sampeyaningSun.

14. anak-anake para wong kang nindhes sirabakal padha marani sira kalawan tumungkul,lan sakehe wong kang padha ngala-ala sirabakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira;sarta baka nyebut sira, “kuthaning Pangeran Yehuwah”,“Sion, kagungane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”.

15. Minangka gegentine kaananira biyen,nalika sira katinggal, disengiti lan ora ditekani ing wong siji-sijia,saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng,dadi kabungahan turun-tumurun.

16. Sira bakal nesep susuning para bangsalan bakal ngombe susuning karajan-karajan;ing kono sira banjur bakal sumurup,manawa Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira,lan Panebusira, Kang Mahasusi,Gusti Allahe Yakub.

17. Minangka gegentining tembaga Ingsun bakal maringi emas,wesi Sunlironi salaka,kayu Sunlironi tembaga,tuwin watu Sunlironi wesi;Ingsun bakal maringi tentrem-rahayu lan kaadilankang bakal ngayomi lan nata uripira.

18. Ing nagaranira ora bakal ana maneh kabar bab tumindak kanthi kekerasan,bab karusakan utawa gempuran ing wewengkonira;sira bakal ngarani tembokira “Rahayu”lan gapura-gapuranira “Pangalembana”.

19. Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap siralan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi,nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira,sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira.

20. Sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau suruplan rembulan kang ora angslup,amarga Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang kang langgeng tumrap sira,tuwin dina-dinane anggonira nandhang susah bakal diuwisi.

21. Kabeh kang ngenggoni sira para wong bener,anggone padha nduweni nagara iku ing salawas-lawase;padha kaya cangkokan kang Suntanem piyambakkanggo ngatonake kaluhuraningSun.

22. Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe,tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa;Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake ikuing wektu kang wus Suntemtokake.

maca bab lengkap Yesaya 60