Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 60:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka,lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira.

2. Awit lah pepeteng nglimputi bumi,tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa;nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira,sarta kamulyane katingal mayungi sira.

3. Para bangsa padha gumrudug marani pepadhangira,tuwin para raja padha nekani cahya kang mletheki sira.

4. Ndengengeka lan ndelenga sakubengira,wong kabeh padha nglumpuk marani sira;anak-anakira lanang padha teka saka ing adoh,dene anak-anakira wadon padha digendhong.

5. Ing nalika iku sira bakal eram ndeleng iku lan bungah bangetsira bakal gumun lan bakal gedhe atinira,amarga lubering kasugihan ing sabranging sagara bakal ngalih marang sira,lan kasugihane para bangsa bakal nekani sira.

6. Unta kang akeh cacahe bakal ngebaki wilayahira,unta-unta enom saka ing Midian lan Efa.Iku bakal padha teka saka ing Syeba,kalawan momot emas lan menyan,sarta martakake pakaryaning Sang Yehuwah kang misuwur.

7. Sakehing wedhus ing Kedar bakal nglumpuk ana ing ngarepira,wedhus lanang saka ing Nebayot bakal cumawis kanggo pangibadahira;kabeh iku bakal kacaosake ana ing misbyahingSunminangka kurban kang ndadekake keparengingSun,sarta Ingsun bakal damel sumoroting padalemaningSun kang agung.

8. Sapa kang padha teka nglayang-nglayang kaya mega ikilan kaya manuk dara kang marani lawanging pagupone iki?

9. Sanyata Ingsun kang dianti-anti dening pulo-pulo kang adoh;kapal-kapal ing Tarsis padha lumaku ana ing ngarep,padha nggawa anak-anakira lanang saka ing adoh,sarta momot salaka lan emas,kagem asmaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahiralan marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allnahe Israel,sabab Panjenengane paring kalulhuran marang sira.

10. para wong ngamanca bakal padha mbangun tembokira,tuwin para ratune bakal ngladeni sira;amarga sajroning bebenduningSun sira wus Sunrangketmung bae Ingsun wus kepareng paring sih-piwelas marang sira.

11. Gapura-gapuranira bakal tansah mengarina lan wengi ora bakal kainebake,supaya wong bisa marakake kasugihane para bangsamarang sira,bebarengan karo para ratune kang padha digiringdadi tawanan

12. Lah bangsa lan karajan kang ora gelem suwita marang sira mesthi bakal sirna;bangsa-bangsa iku bakal karusak, katumpes.

maca bab lengkap Yesaya 60