Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 59:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Padha ora sumurup marang dalaning karukunan,tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan;padha milih dalan-dalan kang menggok,lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.

9. Marga saka iku kaadilan tetep adoh saka kitatuwin kabeneran ora nekani kita,kita padha ngarep-arep pepadhang,nanging kang ana mung pepeteng,padha ngarep-arep cahya,nanging kita padha lumaku ana ing pepeteng.

10. Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta,tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat;kita padha kesandhung ing wayah tengange,kaya-kaya ing wayah repet-repetpadha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.

11. Kita kabeh padha gereng-gereng kaya bruwang,swara kita lereg-lereg kaya manuk dara;kita ngarep-arep marang kaadilan,nanging ora ana,nganti-anti marang kaslametan,nanging iku tetep adoh saka kita.

12. Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Padukatuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula;kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalelasaha sami nyumerepi ing piawon kawula;

13. kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah,sarta mundur nilar Gusti Allah kawula,kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng,sami ngandhut cidra ing salebeting manahsaha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.

maca bab lengkap Yesaya 59