Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 59:18-21 Kitab Sutji (JAV)

18. Laras karo panggawe-panggawening wong,mangkene anggone paring piwales:bebendu kang mulad-mulad marang para kang nglawan,pidana marang para mengsahe;malah dalasan pulo-pulo kang adoh uga kadhawahan pidana.

19. Ing kono wong banjur bakal wedimarang asmaning Pangeran Yehuwahana ing papan suruping srengengetuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge,awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut,kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.

20. Sarta bakal rawuh jumeneng dadi Panebusing Siontuwin kanggo para wonge Yakub kang padha mratobat nyingkiri pambalelane,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

21. Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Yesaya 59