Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 59:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta,tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat;kita padha kesandhung ing wayah tengange,kaya-kaya ing wayah repet-repetpadha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.

11. Kita kabeh padha gereng-gereng kaya bruwang,swara kita lereg-lereg kaya manuk dara;kita ngarep-arep marang kaadilan,nanging ora ana,nganti-anti marang kaslametan,nanging iku tetep adoh saka kita.

12. Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Padukatuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula;kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalelasaha sami nyumerepi ing piawon kawula;

13. kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah,sarta mundur nilar Gusti Allah kawula,kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng,sami ngandhut cidra ing salebeting manahsaha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.

14. Angger-angger sampun kesuk kawula pengkerakentuwin kaadilan tebih dunungipun,sabab kaleresan kesandhung wonten ing papan umumsaha katemenan katampik ing tiyang.

15. Mulane kabeneran wus ilang,lan sing sapa ngedohi piala,dadi kurbaning wong ngrerayah.Nanging Pangeran Yehuwah nguningani kang mangkono iku,lan ndadekake rengune ana ing paningaledene ora ana angger-angger

16. Panjenengane mirsamanawa ora ana wong siji-sijiakang jumedhul, tuwin ngungun,dene ora ana kang mbiyantu.Mulane astane piyambak kang mitulungi,sarta kaadilane kang mbiyantu Panjenengane.

17. Banjur ngagem kaadilan kadadekake kerelan toponging karahayon ana ing mustakane;ngagem busana piwalessarta jubahing panggalih benter.

18. Laras karo panggawe-panggawening wong,mangkene anggone paring piwales:bebendu kang mulad-mulad marang para kang nglawan,pidana marang para mengsahe;malah dalasan pulo-pulo kang adoh uga kadhawahan pidana.

19. Ing kono wong banjur bakal wedimarang asmaning Pangeran Yehuwahana ing papan suruping srengengetuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge,awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut,kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Yesaya 59