Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 59:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Astaning Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon,lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake;

2. nanging kang dadi sesinggetan ing antarane kowe lan Gusti Allahmuiku sakehing pialamu,tuwin kang njalari Panjenengane asingidan ana ing ngarepmu,satemah banjur ora mireng,iku sakehing dosamu.

3. Sabab tanganmu iku najis marga kuthah getihsarta drijimu marga saka piala;cangkemmu ngucapake cidra,ilatmu ngandhakake kaculikan.

4. Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener,lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat;kang diandelake barang kang tanpa gunalan goroh kang diucapake,kang dikandhut kasangsarandene kang dilairake tindak ambek siya.

5. Wong padha netesake endhog ula bedhudhak,tuwin nenun jaring kemangga;sing sapa mangan endhog mau mesthi bakal mati,sarta manawa endhog mau dipijet nganti pecah,banjur metu ulane bedhudhak.

6. Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan,lan gegaweane ora kena dianggo kemul;panggawene iku panggawe kang ambek siya,sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan.

7. Enggal-enggal anggone nglakoni piala,lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput;rancangane iku pangrantaming ambek siya,tuwin menyang ngendi bae paranemesthi ninggal karusakan lan gempuran.

8. Padha ora sumurup marang dalaning karukunan,tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan;padha milih dalan-dalan kang menggok,lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.

maca bab lengkap Yesaya 59