Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 57:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Sira mrenahake paturoniraana ing gunung kang dhuwur lan munggultuwin sira uga banjur munggah ing gunung konoprelu ngladekake kurban sembelehan.

8. Sira ndekek lambanging brahalaniraana ing dhempeling lawang lumebu ing omahira,malah sira wus ninggal Ingsunlan cucul sandhangan babar pisan,sira wus ngunggahi tuwin ngambakake paturonira;sira wus nganakake prajanjian karo wong sawatara kang sira karepakesira ajak sapaturonsarta sira ngawasake palanangane.

9. Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh;para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh,nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati.

10. Marga saka anggonira lumaku adoh iku sira banjur wus kesel lan lesu,nanging sira ora muni: “Ora ana pangarep-arep!”Sira oleh kakuwatan maneh,mulane sira ora dadi sayah.

11. Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi,dene sira nganti cidralan ora eling marang Ingsunutawa banjur ora mreduli marang Ingsun?Apa ora marga saka anggoningSun kendel baelan ngeremake paningalingSun,sira nuli ora wedi marang Ingsun!

12. Ingsun arsa mratelakake kamursidaniralan sakehing panggawenira,nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:

13. samangsa sira sesambat,para brahalanira kareben ngluwari sira!Iku bakal padha kabur ing angin,sarta padha kasirnakake dening sumentoring abab.Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumilan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.

14. Ana kang ngandika:“Bukaken, bukaken, nyawisna dalan,singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun!”

maca bab lengkap Yesaya 57