Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 57:4-16 Kitab Sutji (JAV)

4. Sira padha nganggo gegojegan sapa,sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-oralan kang sira erang-erang iku?Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela,turuning wong cidra?,

5. he para wong kang padha kaobong dening hawa-nepsune ana ing sacedhake wit-wit kang kramat,ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,he para wong kang nyembeleh bocah ana ing lebak-lebak,ing sela-selaning tengger parang.

6. Sira mung kadunungan watu-watu kang klimis kang saka ing kali,lan iya mung iku kang katemtokake tumrap sira;iku uga padha sira wenehi kurban unjuk-unjukan,lan sira ladeni kurban dhaharan.Apa Ingsun bakal nyabari kang mangkono iku?

7. Sira mrenahake paturoniraana ing gunung kang dhuwur lan munggultuwin sira uga banjur munggah ing gunung konoprelu ngladekake kurban sembelehan.

8. Sira ndekek lambanging brahalaniraana ing dhempeling lawang lumebu ing omahira,malah sira wus ninggal Ingsunlan cucul sandhangan babar pisan,sira wus ngunggahi tuwin ngambakake paturonira;sira wus nganakake prajanjian karo wong sawatara kang sira karepakesira ajak sapaturonsarta sira ngawasake palanangane.

9. Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh;para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh,nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati.

10. Marga saka anggonira lumaku adoh iku sira banjur wus kesel lan lesu,nanging sira ora muni: “Ora ana pangarep-arep!”Sira oleh kakuwatan maneh,mulane sira ora dadi sayah.

11. Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi,dene sira nganti cidralan ora eling marang Ingsunutawa banjur ora mreduli marang Ingsun?Apa ora marga saka anggoningSun kendel baelan ngeremake paningalingSun,sira nuli ora wedi marang Ingsun!

12. Ingsun arsa mratelakake kamursidaniralan sakehing panggawenira,nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:

13. samangsa sira sesambat,para brahalanira kareben ngluwari sira!Iku bakal padha kabur ing angin,sarta padha kasirnakake dening sumentoring abab.Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumilan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.

14. Ana kang ngandika:“Bukaken, bukaken, nyawisna dalan,singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun!”

15. Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya,kang lenggah ing dhampar ing salawaselan kang asma Kang Mahasuci:“Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan sucinanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor,prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asorsarta nguripake atine para wong kang rempu.

16. Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase,lan ora bakal terus duka,supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun,mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip.

maca bab lengkap Yesaya 57